Laman

Pages - Menu

Kamis, 09 Februari 2012

Syang Hyang Tunggal



miturut penanggih saperangan para dhalang bilih Syang Hyang Tunggal kangunggan putra cacah tiga. inggih punika Sang Hyang Tejamaya,Syang Hyang Ismaya saha Syang Hyang Manikmaya. Ing Satunggalipun dinten Syang Hyang Ismaya kaliyan Syang Hyang Tejamaya sami padudon, dene perkawisipun sami rebatan sinten ingkang paling sepuh amargi sami padudon ingkang ndadosaken raganipun sami risak. Tejamaya tutukipun dados panjang lan wiyai, dene Ismaya paninggalanipin dados kriyip-kriyip.
Ringkes carios, Ingkang paling sepuh piyambak, Tejamaya. Amargi asalipun saking kulit tigan> ismaya saking petakan tigan lan Manik maya saking kuningan tigan. Salajengipun katiganipun kautus mandap ing bumi . Tejomoyo mandhap ing bumi dadi abdinipun Para ratu ing sabrabg (para Buta) gantos asma Togog. Gadah konco jenenge Mbelung. Dene Ismaya mandhap ing bumi dadi abdinipun para Ratu ing Jawadwipa. Gantos asma dadi Semar.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Maaf komentar anda kami moderasi. Karena
Saya hanya menerima komentar yang membangun dan bisa di pertanggungjawabkan.